24
Des
Ines


Nuwun,
Dhumateng Pangarsa SMK N 2 Cilacap ,bapak………………,ingkang minulya bapak/ibu guru SMK N 2 Cilacap saha sedaya siswa  SMK N 2 Cilacap, ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Ingkang sapisan sumangga kula saha panjenengan sedaya ngatiraken puja syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, amargi sih wilasa ingkang rumentah dhumateng kula saha panjenengan sedaya, satemah kula saha panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara Pengetan Dinten Sumpah Pemuda.
24
Des
Ines


Nuwun,
Dhumateng Pangarsa Panawung kridha ibu Hj. Dina Rizqi Kamala, M.Pd,ingkang minulya pangarsa Dinas Kabudayan Yogyakarta, ibu Hj. Dr. Wulan Arum Sari saha Nida Ul – Jannah minangka budayawan Yogyakartalan sedaya mahasiswa  Fakultas Bahasa dan Seni UNY, ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panawung kridha kinen ngaturaken urut reroncening adicara, Seminar Prosesi Ruwatan Murawakala.
24
Des
Ines

           
        Kerajinan tenun kagunganipun Pak Edi ngajeg wonten ing 9 Oktober 2010 ancasipun kangge ningkataken ekonomo masarakat. Piranthi tenun ingkang dipunginakaken wonten ing dalemipun Pak Edi minangka bantuan saking Badan Pasca Gempa. Pabrik Kerajinan menika papanipun wonten ing  Padukuhan Kembangan 10, Sumber Rahayu, Moyudan, Sleman,Yogyakarta.
24
Des
Ines
Kulon Progo 2005
….
Indonesia Raya merdeka – merdeka
Tanahku negeriku yang kucinta
Indonesia Raya merdeka merdeka
Hiduplah Indonesia Raya
16
Des
Ines


Bakpia menika dhaharan khas saking Yogyakarta ingkang isinipun kumbu utawi kacang ijem. Cara damel bakpia dipunperang dados 2, ingkang sapisan damel kulit rumiyin lajeng damel kumbunipun.
16
Des
Ines
Menawi dereng tepang kaliyan piyambakipun, tiyang kakung ingkang asalipun saking kutha Sragen menika katingal kalem saha pasif piyantunipun. Ananging manawi sampun tepang kaliyan tiyang ingkang anggadhahi asma jangkep Juang Jatmiko (23 taun), mesthi bakal boten nyana menawi piyambakipun menika salah satunggaling tiyang ingkang aktif ndherek kegyatan.
16
Des
Ines


Wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia ruwatan gadhah teges membebaskan tiyang ingkang gadhah nasip boten sae, ruwatan tegesipun ndamel tiyang ingkang gadhah nasip boten sae menika saged waras dados kahanan semula. Pramila tradisi ruwat menika dipunlampahi. Tamtu kemawon wonten pangarep – arep, supados sasampunipun nglampahi tradisi menika tiyang ingkang cocog menika saged gadhah gessang ingkang adem lan tentrem.
16
Des
Ines


Warung Buku Sastra inggih menika usaha ingkang dipundamel dening mas Ryco sasampunipun ngraos awrat anggenipun madosi novel lan buku - buku basa Jawi, lajeng priyantun ingkang miyos wonten
16
Des
Ines
Tiyang alit ingkang ngagem kaca paningal puniki naminipun Ines, jangkepipun Ines Ika Saputri, putri mbajeng saking pacangan Bapak Sugeng Neswo lan ibu Supriyati menika miyos wonten ing Cilacap, 18 September 1993. Gadhah 2 rayi naminipun Immas Ismoyo lan Salsa Yulia Anggaraeny, griyanipun wonten ing jalan Kali Donan RT 05 RW 21, kelurahan Donan, kecamatan Cilacap Tengah, Cilacap. 

Miwiti sekolah wonten ing TK Dewi Sartika ing warsa 1998 dipunlajengaken wonten ing SD Donan 05 Cilacap, Ines sekolah 6 tahun saking warsa 1999 kanti 2006 lan nglajengaken sekolah wonten ing slah satunggaling sekolah favorit wonten ing kabupaten Cilacap. Sasampunipun lulus wonten ing SMP N 1 Cilacap, tiyang ingkang seneng kaliyan warni biru menika lajeng sekolah wonten ing SMA N 1 Cilacap. Lulus wonten ing warsa 2011, Ines lajeng nerasaken kuliah wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta
.
Remen maca komik lan mirengaken sekar inggih menika salah satunggaling hobby padintenan Ines. Salah satunggaling komik ingkang remen dipunwaos inggih menika komik Naruto. Putri ingkang remen maem nasi goreng menika ugi gadhah pepenginan, dados guru Bahasa Jawa ingkang dipunremeni murid – muridipun.
29
Nov
Ines

Nuwun kawula nuwun 
Assalamu’alaikum wr.wb. 
·                     para sesepuh pinisepuh ingkang minulyeng budi 
·                     para tamu ingkang satuhu kinurmatan.
Sumangga kula dherekaken ngaturaken puji pangalembana miwah syukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, nenggih Pangeran ingkang mahawelas lan asih, awit saking kanugrahanipun kula miwah panjenengan saged makempal ing dalemipun Bapak-Ibu....saprelu paring pangestu tumindaking adicara jamas pasiraman calon penganten putri, nun inggih.....
29
Nov
Ines

BAB II
“Bab baik”
Nanti akan membahas tentang baik, baik adalah menggunakan hal – hal yang luhur sedangkang orang baik adalah meluhurkan dan mencari baik artinya mencari luhur. Adalagi mendapatkan baik artinya mendapatkan keluhuran, kebaikan berjalan dari keluhuran dan senang diluhurkan.
Baik itu bagus, kebalikan dari cacat. Orang yang baik dan benar itu maksudnya baik, artinya tidak seenaknya sendiri, meskipun sama ada, tapi jika dengan kebaikan maka sejatinya akan baik, karena bisa merubah kecacatan atau ketidaksempurnaan, kesamaan yang artinya jelek itu merendahkan hingga menghina.
26
Nov
Ines


Minggu enjing 29/9/2013 mahasiswa enggal jurusan Pendidikan Bahasa Perancis taksih semangat nglampahi dolanan – dolanan ingkang sampun karantam dening panitia Makrab Pendidikan Bahasa Perancis 2013. Makrab kang diwontenaken ing wisma Hanoman, Parangtritis menika dipunlampahi dening 80 mahasiswa enggal. Adicara ingkang nggadahi tema L’aventure de couleur menika anggadahi teges “ Mahasiswa enggal Pendidikan Bahasa Perancis menika saking maneka warni, suku, kulit, basa. Warna – warni menika dipunarepaken dados manunggal wonten ing makrab menika, boten namung mahasiswa enggal kemawon nanging kalihan MPO (Majelis Permusyawaratan Organisasi) lan dosen – dosen” aturipun Zakiyah Darojat minangka seksi Acara wonten ing makrab menika. 

26
Nov
Ines


Adicara pungkasan ingkang dipun lampahi dening mahasiswa enggal Pendidikan Bahasa Perancis ing 29 Agustus 2013 papanipun wonten Parangtritis inggih menika paring bebungah saking panitia dhumateng mahasiswa enggal ingkang sampun nglampahi makrab kanthi semangat.
23
Nov
Ines


Sastra daerah Bali kalihan Lombok ingkang sampun dipunwarisi saking nenek moyang, dipunserat ngagem ron tal, tamtu kedah dipunrawat lan dipunopeni. Kamangka naskah – naskah ingkang migunani sanget menika ingkang sampun wonten ing jaman Walandi ngantos samenika sampun disimpen kanthi sae wonten ing museum Gedong Kirtya Singaraja.