Menawi dereng tepang kaliyan
piyambakipun, tiyang kakung ingkang asalipun saking kutha Sragen menika
katingal kalem saha pasif piyantunipun. Ananging manawi sampun tepang
kaliyan tiyang ingkang anggadhahi asma jangkep Juang Jatmiko (23 taun),
mesthi bakal boten nyana menawi piyambakipun menika salah satunggaling
tiyang ingkang aktif ndherek kegyatan.
Menapa malih kegyatan ingkang gayutanipun kaliyan budaya Jawi. Tiyang ingkang wulan agustus tanggal kaping 31 kala wingi, nembe mawon dipunwisuda dados sarjana Pendidikan Bahasa Jawa wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta. Dados Mas Juang menika ugi boten tebih kaliyan kegyatan ingkang gayutanipun kaliyan budaya Jawi.
Menapa malih kegyatan ingkang gayutanipun kaliyan budaya Jawi. Tiyang ingkang wulan agustus tanggal kaping 31 kala wingi, nembe mawon dipunwisuda dados sarjana Pendidikan Bahasa Jawa wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta. Dados Mas Juang menika ugi boten tebih kaliyan kegyatan ingkang gayutanipun kaliyan budaya Jawi.
Tiyang ingkang miyos wonten ing Sragen tanggal 15 Oktober 1990 menika
remen sanget kaliyan bab Teater tradisional mliginipun kethoprak.
Jalaran rumiyin pancen piyambakipun nalika taksih wonten ing bangku
kuliah ugi aktif wonten ing organisasi Himpunan Mahasiswa wonten ing
jurusanipun menika. Himpunan Mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah utawi
sampun kawentar Hima Jawa wonten ing UNY dados papan ingkang
ngrembakakaken minatipun Mas Juang menika. Amargi dados tokoh sentral
wonten ing organisasi menika inggih dados pangarsa wonten ing taun 2011,
Mas Juang mesthinipun ugi kersa boten kersa kedah ngurusi kegyatan
wonten organisasi menika. Salah satunggaling menika wonten Sanggar
kethoprak ingkang dados program kerjanipun saking divisi wonten ing Hima
Jawa menika. Lantaran menika minatipun Mas Juang anggenipun nyinaoni
bab teater tradisional menika saya ageng.
Kathah teater ingkang sampun dipunlakoni dhateng Mas Juang. Tuladhanipun
teater tradisional ingkang sampun dipundhereki Mas Juang menika
antawisipun Pasir Menari taun, Dhedhes Prameswari Pradnya Paramita,
lajeng kalawingi ingkang pungkasan sabtu 15 desember pentas teater
wonten ing Akademi Teknik Kulit Bantul Yogyakarta kanthi irah-irahan
Joko Kembang Kuning. Samenika Mas Juang Jatmiko taksih aktif ndherek
kegyatan teater Rinengga wonten ing kutha Yogyakarta. Pesenipun Mas
Juang kangge mudha mudhi adhik angkatanipun wonten ing Jurusan
Pendidikan Bahasa daerah menika namung sampun ngantos budaya Jawa menika
kalah kaliyan Budaya modern, kita modern ananging budayanipun tetep
kedah budaya ingkang dados pandoming tiyang Jawa awit jaman rumiyin
sampun dipunjagi.
Posting Komentar