Nuwun,
Dhumateng Pangarsa Panawung kridha ibu Hj. Dina Rizqi
Kamala, M.Pd,ingkang minulya pangarsa
Dinas Kabudayan Yogyakarta, ibu Hj.
Dr. Wulan Arum Sari saha Nida Ul – Jannah minangka budayawan
Yogyakartalan sedaya
mahasiswa Fakultas Bahasa dan Seni UNY,
ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Keparenga
kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji
saking panawung kridha kinen ngaturaken urut reroncening adicara, Seminar
Prosesi Ruwatan Murawakala.
Nanging saderengipun kula ngaturaken reroncening adicara punika, sumangga kula dherekaken
ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha agung, amargi
sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya
saha kula, satemah ing kalenggahan
punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking
rubeda nir ing sambekala.
Nun
inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga kula minangka
pranatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka
lampahing titilaksana Seminar Prosesi Ruwatan Murwakala kanthi
ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun
inggih:
- Pambuka
- Atur pambagyaharya
saking Pangarsa Panawung
Krida
- Seminar Prosesi Ruwatan Murwakala
-
Hj. Dr. Wulan Arum Sari minangka
pangarsa Dinas Kabudayan Yogyakarta
-
Nida Ul – Jannah
pemerhati budhaya Yogyakarta
-
Moderator Ines Ika
Saputri
- Pitakenan lan
wangsulan
- Panutup
Mekaten menggah reroncening adicara Seminar Prosesi Ruwatan Murwakala kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah
hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Para
rawuh ingkang satuhu kinurmatan,
Sumangga
adicara punika kapurwakan kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun piyambak -
piyambak, ndedonga kasumanggakaken…….cekap.
Adicara
ingkang angka kalih nenggih atur pambagya saking Pangarsa Panawung Kridha dhumateng
ibu Hj. Dina Rizqi Kamala kula sumanggakaken.
Makaten
punika atur pambagya saking Panawung Kridha
Adicara
saklajengipun inggih menika adicara Seminar
Prosesi Ruwatan Murwakala. Sumangga ibu Hj. Dr. Wulan Arum Sari saha Nida Ul – Jannah.
Adicara kaping sekawan inggih menika
pitakenan lan wangsulan, sumangga ingkang gadhah pitakenan kula sumanggakaken.
Pinangka
pungkasaning adicara, nenggih panutup. Pramila kula ingkang piniji minangka
pranatacara ing Seminar Prosesi ruwatan Murwakala menika ngaturaken
agunging panuwun saha nyuwun pangaksami mbok bilih kathah bab ingkang boten
mranani penggalih panjenengan sadaya.
Matur
nuwun.
Posting Komentar