Kulon Progo 2005
….
Indonesia Raya
merdeka – merdeka
Tanahku negeriku
yang kucinta
Indonesia Raya
merdeka merdeka
Hiduplah
Indonesia Raya
Samsul
nyanyi lagu Indonesia Raya karo ngerek ember nang sumur mburi omahe.
“Le…
gek adus wis awan iki.” swara Mbok saka njero omah
“Inggih
Mbok…”
“Kowe
iki lagi ngapa ta le..?” si Mbok njedul saka pintu
“Hehehe…
iki latiyan Mbok, Samsul badhe ndherek seleksi
Paskibra…”
“Lah?
Paskibra? Apa kuwi le?”si Mbok bingung
“Mbok
iki, mosok Paskibra boten ngertos to? kuwi loh..Pasukan Pengiber Gendera
Pusaka, sing tugase ngiberke gendera pas pitulasan, yen Samsul benjing dados
Paskib, si Mbok bangga to?”
“Sak
ngertine si Mbok,yen ngana – ngana wonge dhuwur – dhuwur ya le…Lah wong kowe
cendhek ngono kuwi kok.”
“Jenenge
wae usaha to Mbok.” Samsul mrengut
“Ck…
wislah sakarepmu le… saiki gek adus ngko kasep le.”
Samsul
tetep wae ngerek embere…nganti.
BYURRR!!
Ember
sakbanyune tumplek, awake Samsul teles kebes.
“Diomongi
ngeyel.”
“Hehehe…”
Samsul mung mrenges
-000-
Samsul
njiret tali ing tiang, bar kuwi hormat karo gendera. Kaya ngana kebiyasaane Samsul
saban esuk. Esih kelingan nang uteke Samsul, biyen suwargi Mbah kakung sing bekas tentara Heiho ngendika.
“Samsul.”si Mbah nimbali Samsul
sakbare Samsul hormat karo gendera
“Dalem Mbah.”
“Aja nganti kowe nyepeleke Gendera Abang
Putih, merga kanggo ngiberke kaya saiki butuh perjuwangan sing dawa banget.”
“Inggih Mbah, menawi Samsul sampun
ageng, Samsul badhe dados Pengiber Gendera Mbah!”
Mbah mesem lan ngelus – ngelus
pundake Samsul
Samsul
dadi mrebes mili yen kelingan si Mbah. Neng ati Samsul nduweni tekad bisa
ngiberke gendera pas pitulasan nang Istana Negara. Sakbare kuwi Samsul nyamber
pit onthel bekasane si Mbah kanggo mangkat sekolah.
-000-
“Sul..!”
Ari ngundang Samsul saka kadohan
Samsul
goleki swara sing nggundang dhewekke, nanging malah si Samsul ndlenger, merga
ora nyendhak lan rem pite wis ora pakem.
BRUKK!!
Samsul
tiba saka pit banjur dheweke mringis – mringis nyekeli dhengkule. Ari mbantu
Samsul jumeneng karo nuntunaken pite Samsul. Esuk kui Ari krungu kabar apik.
“Kowe ngerti?sekolah arep ana seleksi Paskibra?”
Samsul
bungah, krungu kaya ngana. Dheweke mbayang – mbayangke dadi pengiber gendera
nang Istana Negara.
Ari
namung mesam – mesem krungu Samsul sing lagi ngayal. Ari kuwi kanca cedhake Samsul.
Dheweke dhuwur lan gagah. Sanajan Ari putrane Pak Lurah, ananging dheweke ora
pongah lan ora pilih – pilih kanca. Sebabe kuwi Samsul seneng kancanan karo
Ari.
“Eh
Ri, nanging…”
“Dhuwurku piye yah? 155 wae ora ana, piye aku
arep dadi Paskib.” Samsul kuciwa
“Kowe
aben dina kandha ta… yen awake dhewe kudhu usaha sek, kowe ya pantes dadi
Paskib kok. Disiplin, teknik baris – berbarismu ya apik. Apa sing gawe kowe ora
PD yen ngono kuwi jal?”
Krungu
Ari ngomong ngana kuwi Samsul mesem.
“Siap!”Samsul
hormat maring Ari
“Lah…
ngana kuwi hlooh.”
“Siap
gerak!!Maju jalan!!” Samsul nirokake yen Paskib lagi mlaku
-000-
Awan
kuwi ora ana pelajaran nang kelase Samsul, amarga Bapak Guru tindhak Dinas.
Samsul karo Ari lagi gojekan dhewe.
“Ari…!”
si Ketua Kelas ngundang Ari
Ari
nylinguk.
“Apa
Lih?”
“Ditimbali
Pak Sugeng neng kantor.”
Samsul
lan Ari pandheng – pandhengan.
“Ana
apa ya?”Ari bingung
Ari
langsung jumeneng lan metu saka kelas, Ari langsung sowan mejane Pak Sugeng.
“Kowe
kadhapuk dadi kelompok 8 utawa Pasukan inti kanggo pitulasan nang Alun – alun
Kabupaten.”
Ari
bingung dikandhani Pak Sugeng kaya ngana kuwi, amarga Samsul kancane dhewe ora
lolos seleksi Paskib. Ari njaluk karo
Pak Sugeng yen Samsul dilebokken maring kelompok
17 utawa kelompok 45. Nanging Pak
Sugeng ora bisa ngapa – ngapa merga Pak Sugeng namung ndampingi seleksi udu
pelatih. Ari kuciwo banget. Karo lemes dheweke mlaku menyang kelas. Rasane ora
penak ngomong karo Samsul.
“Piye?Pak
Sugeng ngendika apa?” Samsul takon karo penasaran
“Ora
papa… biji Ulangan ku wingi elek dadi aku dikon ngulang. Hehehe…” Ari ngapusi.
-000-
Wis
seminggu Ari gladen Paskib, tanpa Samsul ngerti. Sakjane Ari penging banget
ngomong jujur karo Samsul, nanging Ari pekewuh yen engko malah Samsul lara ati.
Sekolah
wis sepi amarga murid – murid wis padha mulih, Samsul karo Ari sing entuk piket
dina kuwi bali telat.
“Wara
– wara seleksi Paskib kok urung metu ya, aku wis ora sabar ngerek gendera neng
alun – alun Ri…”
Ari
mung meneng, ora wani njawab.
“Ari…”ana
sing ngundang Ari
Kui
Bakri kancane Ari sing lolos Paskib, Bakri ngomong yen ngko ora ana gladen
Paskib. Sakbare Bakri lunga bocah loro kui mung meneng wae.
“Kowe
ngana Ri… karo aku?” Samsul ngomong karo nahan nangis.
Ari
meneng wae, ora wani mangsuli. Samsul lunga saka panggonan kuwi. Atine lara
merga diapusi kancane dhewe.
Samsul
jumeneng neng ngarep tiang gendera, mbukak dompete lan ngetokake potone si Mbah kakunge. Samsul nangis
nang kono.
“Mbah,
Samsul nyuwun ngapunten… Samsul dereng saged dados pengiber gendera.”
Samsul
ndongak maring tiang gendera.
“Hai!Sang
Abang Putih aku pancen udu manungsa sempurna sing layak ngiberna kowe, nang
ngarep donya iki. Nanging kowe!Gendera Pusaka!kowe, tetep kumlebat nang jroning
atiku!”
-000-
17 Agustus 2005
Dina iku Abang Putih dikiberne ing
alun – alun Wates. Samsul ndeleng wong – wong sing beja bisa nang tengah –
tengah lapangan kuwi. Pas Pengiber ngerek gendera Kebangsaan si Samsul banjur
mrebes mili, tangan tengene tetep hormat tanpa ngusap eluh sing pating tumetes
lan tangan kiwe ora goyah ing posisi
sing sempurna. Saiki dheweke sadar yen ora bakal bisa ngiberna gendera nang
ngarep Istana Negara, Samsul wis nyerah. Nanging Abang Putih esih tetep gagah
kumblebat nang dhadhane lan tamtu nang ngarep umaeh Samsul.
-000-
Sore kuwi omaeh Samsul katon sepi,
sak uwise mudhunaken gendera Samsul banjur nimba banyu nang mburi omahe. Si
Mbok lagi nyapu – nyapu omah.
“Kula
Nuwun”
Sore
kui Ari dolan menyang omahe Samsul, dheweke pengin njaluk ngapura karo kancane
kui. Nanging Samsul ora gelem nemoni Ari, esih lara atine merga diapusi kancane
dhewe.
“Sul,
aja ngana kuwi to, mesakne kae Ari wis nenggo.”
Samsul
mung meneng.
“Kowe
iki wis gedhe, yen ana masalah mbok ya dirembug, udu kaya ngene. Saben esuk kowe
ngerek gendera, nanging atimu taksih ala kaya ngene iki… apa gunane le?”
Samsul
gelem nemoni Ari. Sanajan atine isih lara nanging yen si Mbok wis ngendika
ngana kuwi Ari ora isa ngapa – ngapa kajaba manut karo karepe si Mbok.
Wis
10 menitan nanging bocah loro kuwi mung meneng – menengan. Ari bingung arep
ngomong saka endi.
“Kowe
sakajane arep ngapa ta? mung meneng kaya ngene iki.”
“Sul,
aku njaluk ngapura sing masalah wingi kae.”
“Masalah
apa ta?aku wis lali!”
Ari
kaget Samsul mangsuli ngana kuwi.
“Sul,
aku ora arep ngapusi kowe pas kui, aku mung ora penak karo kowe.”
“Aku
ora seneng diapusi!”
“Sul
awake dhewe wis kancan kawit SD, yen koe nang posisi ku… koe ameh piye?aku pengin njaga perasaanmu, nanging aku
ora ngerti mesthi ngapa. Rumangsamamu aku seneng wis ngapusi kancaku dhewe.”
“Apa
ya mung gegara iki, koe wis ora gelem dadi kancaku maneh?” Ari nglanjutke
omonge.
Samsul
meneng, dheweke kelingan mangsa – mangsa biyen. Ari sing ana yen dheweke susah,
Ari sing mbela dheweke yen dhewek dipoyoki kancane. Ari… kancane cerake saka SD
nganti saiki.
“Ya
wis yen ngana kui, aku mung njaluk ngapura, perkara koe gelem nampa apa ora. Kui karepmu…aku pamit.”
“Ari!”
Bar
kui Samsul langsung ngrangkul Ari.
“Udu
koe sing njaluk ngapura Ri, tapi aku…”
“Aku
sing njaluk ngapura karo koe, pancen sipatku ala banget karo koe Ri, kudune aku
ora ngene iki.” Samsul ngomong karo mingsek – mingsek nangis.
“Menungsa
langka sing sempuran Sul, sing penting dhewe padha-padha gelem ngerteni.”
Sore
kui… dadi saksi loro bocah sing tukaran wingi siki wis dadi siji maning.
-000-
17
Agustus 2032
Lagu
kebangsaan ngumandhang saka lapangan alun – alun Wates, neng kono taksih ana
wong sing nangis yen gendera Pusaka dikibarna. Samsul, saiki dheweke wis
nganggo klambi PNS. Ya saiki Samsul dadi guru Sejarah nang SMA N 1 Wates.
Sakrampunge upacara…
“Bapak!!!!”
Bocah
kui langsung ngrangkul Samsul. Ya, kui Latif putrane Samsul, karo seragam
jangkep Paskibra. Latif katon gagah.
Samsul
ngelap eluhe sing ora mandheg netes. Nangerepe saiki wis ana bocah sing bakal
nerusaken mimpine. Ngiberna gendera nang Istana Negara.

Gambar : http://jakartagreater.com/sang-saka-gula-kelapa-sang-saka-merah-putih/
Posting Komentar