- Proses
penenunan:
Pewarnaan
![]() |
Lawe ingkang dereng dipun paringi warni |
Lawe ingkang
sampun diputumbas wonten ing pabrik, warninipun taksih pethak dados kedah
dipunparingi warni supados ngasilaken motif lurik ingkang maneka warni.
Proses pewarnaan wonten 2, inggih menika :
![]() |
Pewarna alami |
a. Pewarnaan alami. Ngginakaken kajeng
nangka, kajeng pelem, akar-akaran, kajeng mengkudu, ron rambutan (ngasilaken
warni abu-abu), jambal, jolawe (ngasilaken warni coklat nem), kajeng jati
(ngasilaken warni abrit nem), tingik (ngasilaken warni coklat). saderengipun proses
pewarnaan, pewarna alami menika dipungodhog rumiyin. Proses menika
betahaken wekdal ingkang lami supados ngasilaken warni ingkang sae.
![]() |
Pewarna buatan |
b. Pewarnaan buatan. Ngginakaken pewarni indrantin inggih menika campuran saking direct
kaliyan hidro. Saderengipun proses maringi warni, pewarni menika
dicampur rumiyin kaliyan toya panas lajeng dicampur kaliyan toya asrep
kathahipun 300 ml. Proses pewarnaan satunggal gulung lawe betahaken 20 gram
supados ngasilaken warni nem kaliyan satunggal gulung lawe, betahaken 30 gram kangge
ngasilaken warni tua.
Penjemuran
Menawi
ngginakaken pewarna alami proses menika betahaken kanthi sawetara
dinten, ananging bilih ngagem pewarna buatan namung betahaken wekdal
satunggal dinten.
![]() |
Lawe ingkang sampun dipunpintal |
Proses menika ngagem piranthi
kangge pemintal lawe.
![]() |
Penenunan |
Penyekiran
Proses nyekir inggih menika proses kangge nata lawe wonten ing mesin tenun.
Penenunan
Proses tenun menika ngagem piranthi tenun, wonten ing pabrikipun Pak Edi,
betahaken 10 tiyang kangge nenun saperangan kain tenun.
Asil tenunan
Menika asil kain tenun
lurik wonten ing pabrikipun Pak Edi
Posting Komentar