Nuwun,
Dhumateng Pangarsa SMK N 2 Cilacap ,bapak………………,ingkang
minulya bapak/ibu guru SMK N 2 Cilacap
saha sedaya siswa SMK N 2 Cilacap,
ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Ingkang sapisan sumangga kula saha panjenengan
sedaya ngatiraken puja syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, amargi sih
wilasa ingkang rumentah dhumateng kula saha panjenengan sedaya, satemah kula
saha panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara Pengetan Dinten Sumpah Pemuda.
Kula saha panjenenga meshti sampun sami mangertosi bilih dinten menika 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling prastawa sakral ingkang nuduhake dhumateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji Bhineka Tunggal Ika, semanta merdeka sarta dados bangsa ingkang jejeg.
Wondene wosing Sumpah Pemuda inggih menika :
1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia.
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air
Indonesia.
3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan,
bahasa Indonesia.
Wosipun sumpah kaliyan janji menika kedah dipunlestamtunaken kangge mujudaken pangajap ancasipun kamardikan, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Minangka siswa, kula saha panjenengan kedah semangat sarta mempeng anggenipun sinau, boten kesupen minangka pemuda kula saha panjenengan kedah semangat sarta sregep anggenipun nyambut damel kangge pembangunan bangsa.

Menika ingkang
saged kula aturaken bab Sumpah Pemuda. Sumangga sareng – sareng mikul dhuwur kaluhuran
Sumpah Pemuda.
Kula kinten cekap atur kula, bilih kathah klanta klentu ing atur, kula
nyuwun pangapunten. Nuwun
Posting Komentar