Warung
Buku Sastra inggih menika usaha ingkang dipundamel dening mas Ryco sasampunipun ngraos awrat anggenipun madosi novel lan buku - buku basa Jawi, lajeng priyantun ingkang miyos wonten
ing Ngawi, 26 Maret 1991 menika madosi panganggit novel Jawi, pak Suparto Brata kangge tumbas novel –
novel Jawi, ananging novel – novel kasebut sampun boten cithak lan boten wonten ing toko - toko buku malih. Mahasiswa PBD angkatan 2009 menika pungkasanipun pikanthuk salah satunggal tiyang wonten ing Semarang ingkang taksih nyithak novel - novel kasebut. Salajengipun mas Ryco pesen novel wonten ing percithakan punika.
Kangge omzet tiyang ingkang remen maos maneka warna buku sastra menika boten mendhet kathah amargi ancasipun kangge mbiyantu kanca - kanca wonten ing Jurusan Basa Jawi supados langkung gampil anggenipun madosi buku lan novel basa Jawi. usaha menika gampil lan fleksibel, dados boten nganggu kuliah. usaha menika sampun dipunwara - warakaken wonten ing jejaring social seperti twitter,
facebook lan saking kekancan.
Posting Komentar