Nuwun kawula
nuwun
Assalamu’alaikum wr.wb.
· para sesepuh pinisepuh ingkang minulyeng budi
· para tamu ingkang satuhu kinurmatan.
Sumangga kula dherekaken ngaturaken puji pangalembana miwah syukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, nenggih Pangeran ingkang mahawelas lan asih, awit saking kanugrahanipun kula miwah panjenengan saged makempal ing dalemipun Bapak-Ibu....saprelu paring pangestu tumindaking adicara jamas pasiraman calon penganten putri, nun inggih.....
Assalamu’alaikum wr.wb.
· para sesepuh pinisepuh ingkang minulyeng budi
· para tamu ingkang satuhu kinurmatan.
Sumangga kula dherekaken ngaturaken puji pangalembana miwah syukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, nenggih Pangeran ingkang mahawelas lan asih, awit saking kanugrahanipun kula miwah panjenengan saged makempal ing dalemipun Bapak-Ibu....saprelu paring pangestu tumindaking adicara jamas pasiraman calon penganten putri, nun inggih.....
Kaparenga kula
ingkang kapatah pemangku gatikinen ndherekaken gatining laksana ing wanci
menika, menggah tata rakiting titi laksana rinacik mekaten:
1. Kapurwakan
kanthi pambuka
2. Saparipurnaning
pambuka risang calon penganten putri badhe ngaturaken pangabekti dhumateng
ingkang Bapak miwah ingkang Ibu.
3.
Saparipurnaning
adicara ngabekten risang ahayu kakanthi tumuju dhateng sasana matirta. Tumuli
Bapak-Ibu......ngracik warih pamoringsih. Saperangan toya pamorsih ingkang
sampun rinacik badhe kakintunaken dhumateng calon besan, minangka sarana aji syarat jamas pasiraman calon
penganten kakung.
4.
Sabidhalipun utusan, adicara matirta risang pinanganten putri tumuli kawiwitan.
5. Ing pethiting siraman risang
risang calon penganten putri pinaringan sesuci, kalajengaken bapak miwah ibu
ambuka pamoring putri kanthi amecah kendhi.
Mekaten
menggah rantamaning adicara, sumangga tumapak adicara purwaka, adicara binuka
kanthi pandonga dhumateng pangeran mrih rahayuning karsa. Ndedonga kula
dherekaken. Sumangga!
Matur nuwun.
Tumuli kapareng ibu juru sumbaga badhe nganthi
risang calon penganten putri ngabekti dhumateng Bapak miwah Ibu. Sampun
kapareng Bapak miwah Ibu lenggah ing papan piniji. Sampun mijil saking sasana
palereman risang ahayu badhe ngabekti wonten ing pepadanipuningkang Bapak miwah
Ibu, sarwa sumembah ngaturaken pangabekti dhumateng ingkang rama, tangkeping
asta sumembah ing jengku ering kanan ingkang rama. Paripurna sumembah,
ngeningaken cipta, ngetog kekiyataning manah , menepaken ring rasa, tumuli
matur, imbal wawan wacana kaliyan kang rama miwah ibu
Rama ibu
lantaraning urip
Keng putra
rumaos
Wiwit lahir
ngantos ing samangke
Nggennya dhahat
Tresna miwah
asih
Putra asung
bekti
Hanyadhong
pangestu
Paripurna matur
dhumateng rama-ibu, wangsul ngaturaken sungkem ing pepadanira ingkang rama
miwah ibu. Ayem ing pepadane ingkang rama, kawuryan kalamun ingkang rama
trenyuh ing galih dupi sinungkeman pepadanira. Netra kembeng-kembeng ngampah
tumetesing waspa. Ingelus-elus, ingepuk-epuk pamidhange risang ahayu pratandha
tresna asihe paring pangestu mring risang pinanganten putri.
Paripurna
ngabekti ingkang rama, gya sumungkem ing pepadanira ingkang ibu, pranyata
ingkang ibu datan kuwawa angampah tumetesing waspa. Makaten ugi risang calon
penganten putri, luh marawayan ing pangkoning ibu. Ingkang putri kinasih
ingaras kebaking rasa tresna.
Paripurna
ngabekti ingkang rama miwah ingkang ibu, risng calon penganten putri kakanthi
tumuju ing sasana matirta arsa jinamas ing warih nenggih warih pamoring sih,
nun inggih toya perwitasari, utawa toya perwita adi. Sampun kawuryan lenggah
ing sasana matirta risang ahayu. Tumuli Bapak-Ibu..... badhe ngracik toya
perwita adi.
Ingkang sepisan nglebetaken toya perwita adi ingkang kapundhut saking tuk ingkang sampun
sepuh. Ancasing sedaya ing tembe gesangipun risang calon penganten kalamun
sampun ndhapuk kulawarga sageda murakabi, paring pangayoman mring sasami.
Tumuli bapak-ibu ...............manunggalaken sekar
sritaman utawi sekar triwarna munggwing tirta pamoringsih. Sri wus ngarani
ratu, taman papam anjrahing puspa. Marma pinilih tetungguling sekar ingkang
awujud tri-warna, tri ateges telu, warna jinising puspa nun inggih sekar mawar,
melati, miwah kenanga. Angambar arum gandane sekar amrih ing tembe kuncara
asmane risang calon penganten.
Tumuli Bapak-Ibu .....manunggalaken klapa sagandheng
salebeting toya perwita adi. Klapa pinilih ingkang sampun radi sepuh dados
pratandha sampun manunggal gegandhengan ing karsa, tekadipun ingkang badhe
bebesanan awit saking manunggaling calon penganten.
Sampun paripurna rinacik toya perwita adi, tumuli
badhe pinaringan puji pandonga rahayu. Dhumateng Bapak..... sumangga!
Matur nuwun
Mugi dados donga ingkang dipunkabulaken dening
pangeran. Risang calon penganten badhe saestu resik suci lair lan batine,
satemah rahayu widada kalis sambikala. Kapareng salajengipun Bapak-Ibu.....
mundhut saperangan toya pamoring sih badhe kakintunaken dhumateng calon besan
minangka aji syarat jamas pasiraman calon penganten kakung. Bapak-Ibu.....
kepareng badhe utusan dhumateng Bapak-Ibu......sekaliyan kinen ngaturaken toya
perwita adi dhumateng calon besan. Sampun winadhahan ing kendhaga, toya perwita
adi, tumuli mangarsa Kangmas..... sampun kepareng aben ajeng makatena
pangandikanya kalamun kawijil ing lisan
-----------------percakapan
Bapak lan Ibu---------
Sampun paripurna
anggenipun imbal wacana, dhuta toya perwita adi sampun kepareng bidhal. Jamas
pasiraman calon penganten putri tumuli kawiwitan.
Kapurwakan ingkang rama, Bapak.....
paring jamas ing warih. Sepisan jinamas ing mustaka amrih suci ing cipta.
Kaping kalih jinamas ing bahu kanan lan kering, toya lumeber mungguwing jaja
amrih suci ing rasa. Kaping tiga sinitram ing samparan amrih suci ing karsa.
Tumuli ingkang ibu nggosok konyoh mancawarna. Manca tegese lima utawi
manekawarni, warna tegese jinising konyoh.
Warnaning konyoh
minangka lulur sarana pambukaning pamor. Pamor dumadi saking manekawarni
sumoroting cahaya, marma linambangaken ing konyoh awarna pethak, wilis,
bintulu, jenar, sarta rekta. Paripurna nggosok konyoh mancawarna, ingkang ibu
ugi kepareng paring jamas pasiraman dhumateng ingkang putri kinasih.
Ingkang
salajengipun, kasuwun paring pangestu ibu.... kanthi pinaringan pepuji sesanti
ginarujug salira rukmi mawi tirta perwita adi. Maturnuwun dhumateng Ibu .......
kepareng lenggah ing sasana sakawit.
Tumuli kasuwun
Ibu......
Sambeting kandha
apa ta kang minangka palenggahanira risang calon pinanganten. Nun inggih klasa
bangka ingkang kinarya mbuntel ron alang-alang, ron kapa-kapa, ron awar-awar,
roning kaluwih, miwah roning turu kang satuhu ngemu pralampita sinandi. Matur
nuwun dhumateng Ibu....
Kalajengaken
Ibu.....
Ing wanci
menika risang ahayu sampun badhe ngancik jagading kulawarga arsa mangun
bebrayan enggal. Sewu gunging panuwun konjuk Ibu....Kapareng salajengipun kersaa
Ibu....paring pasiraman calon pinanganten puteri.
Ron alang-alang tuwin ron kapa-kapa
pralambang panyuwun muga-muga anggone mangun brayat ora ana alangan apa-apa.
Ron awar-awar, sedaya pepalang miwah sambekala sampun binawar-tawar satemah
mung rahayu kang tansah tinemu.
Matur nuwun
Ibu.........
Salajengipun
sumangga Ibu............
Ron kaluwih
ngemu pralampita mugi benjing risang calon penganten tansah pinaringan
kaluwihan. Luwih ing drajat, pangkat, miwah semat, satemah kajen kinerinngan
mring sesami, cekap ing sandhang miwah boga. Matur nuwun Ibu....
Tumuli ibu....kapareng paring
pangestu kanthi paring siraman dhumateng calon penganten putri.
Roning turi
minangka panyuwun dhumateng para kasepuhan miwah winasis paring pitutur
dhumateng risang calon penganten putri. Sinambi paring siraman, kasdu paring
pitutur ingkang dumeling ing talingan. Pitutur para luhur sageda dados dedamar
anggenipun risang calon penganten putri lumebet ing madyaning bebrayan agung.
Matur Nuwun.
Sampun jangkep
pitu ingkang paring siraman mring sarira rukmi calon penganten putri. Mugi
luhuring budi para pinisepuh saged lumeber mring risang pinanganten. Maknaning
gunggung pitu ingkang paring jamas pasiraman, mugi risang calon penganten
tansah pikantuk pitulunganing Pangeran, sarta tansaha darbe watak suka tetulung
mring sasamining dumadi.
Kaparenga
salajengipun ingkang Bapak....paring sesuci mring risang pinanganten putri.
Toya kawijilaken
saking kendhi pratala, toya siniramaken warata saranduning sarira, ilining toya
datan kendhat pratandha sempulur ing samudayanipun. Sempulur kayuwananipun,
sempulur rezekinipun, sempulur kaluwarganipun, miwah sampulur samudayanipun.
Sampun telas
isining toya ing kendhi pratala, Ibu.... tumuju majeng ing sangajengipun risang
calon penganten putri. Ingkang Ibu badhe mecah pamoring sang dyah ayu.
Mekaten kalawau
menggah tumapaking jamas pasiraman calon penganten putri. Bapak-ibu..... saestu
ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kasepuhan saha pinisepuh ingkang
sampun kepareng paring pangestu kanthi paring siraman dhumateng risang calon
penganten putri. Mugi luhuring budu panjenengan pinaringan lelintu mring Gusti
kang Mahahayu.
Risang pinanganten
putri tumuli kakanthi ing sasana piniji saprelu nindaaken adicara salajengipun
nun inggih upacara ngerik. Dhumateng para tamu kepareng wawan pangandikan,
langen suka, sinambi ngunjuk saha dhahar nyamikan ingkang sampun kaladosaken
mring para kadang kaneman. Sumangga!
Kapustakan :
Pringgawidagda,
Suwarna. 2006. Tata Wicara dan Wicara
Pengantin Gaya Yogyakarta. Yogyakarta :Kanisius
Posting Komentar