Ines


Adicara pungkasan ingkang dipun lampahi dening mahasiswa enggal Pendidikan Bahasa Perancis ing 29 Agustus 2013 papanipun wonten Parangtritis inggih menika paring bebungah saking panitia dhumateng mahasiswa enggal ingkang sampun nglampahi makrab kanthi semangat.

 Wonten le roi utawi raja makrab Pendidikan Bahasa Perancis 2013 inggih menika mas Burhanudin “muga kula saged njagi amanat menika kanthi sae” pangarap saking Burhanudin lan la  rine utawi retuning makrab PB Perancis ing menika Astari. Gugus ingkang heboh ugi dipunparingi bebungah, gugus rouge dipunanggep palin rame tinimbang gugus sanesipun, yel – yel paling sae inggih menika yel – yel saking gugus vert, pujangga estri dipunpendet dening Yessi, minangka pujangga jaler inggih menika Suarez lan ingkang pungkasan inggih menika pensi tersae saking gugus brun. Saksampunipun sedaya bebungah dipunparingaken mahasiswa enggal dipunsuwun supados nyamektakaken barang – barangipun saperlu wangsul malih wonten ing Yogyakarta.
0 Responses

Posting Komentar