Sastra
daerah Bali kalihan Lombok ingkang sampun dipunwarisi saking nenek moyang, dipunserat ngagem ron tal,
tamtu kedah dipunrawat lan dipunopeni. Kamangka naskah – naskah ingkang
migunani sanget menika ingkang sampun wonten ing jaman Walandi ngantos samenika
sampun disimpen kanthi sae wonten ing museum Gedong Kirtya Singaraja.
Museum
Gedong Kirtya dipundirikaken tanggal 2 Juni 1928 wonten ing Singaraja lan
dipunbikak kagem umum ing tanggal 14 September 1928. Tanggal pambukaanipun
miturut warsa Ishaka ingkang dipunagem wonten ing Bali saged dipunpirsani
wonten ing salah satunggaling Monogram utawi Candra Sengkala ingkang dipunpahat
wonten ing pintu mlebet. Monumen menika nggambaraken manungsa ingkang numpak
gajah kalihan busur panah wonten ing astanipun, lajeng mejahi musuh – musuhipun
ngagem panah menika. Smbol menika nggambaraken Manungsa (1) Gajah (8) Panah (5) lan tiyang ingkang
pejah (0) dados menawi dipunwaos ing warsa Ishakanipun inggih menika Ishaka
1850.
Yayasan ingkang dipunwiwiti ing Desember 1930
kalihan sarjana – sarjana Walandi lan dipunewangi kalihan kaum cendekiawan
ingkang pinter saking Bali. Buku ingkang sampun saged dipuncithak inggih menika
arupi buletin, kidung, dipuncithak
aksara sanesipun kalihan W.R Stutterheim
ingkang dados panyithakan sapisan wonten ing Kirtiya. Koleksi wonten ing
Museum Gedong Kirtiya wonten 1750 cakep,
salinan lontar7211,buku 8490.
Dados sedaya nipun dipunperang dados kelompok yaiku : Weda
, wonten ing Bali Weda menika ngagem basa Sansekerta, Jawa Kina, lan Bali.
Mantara parkembanganipun miurut ing Bali lan Jawa. Kalpasastra wosipun babagan
paedah upacar – upacara keagamaan, Agami, Palakerta wosipun inggih menika Awig
– awig Dharmasastra lan Kertasima. Sesana buku ingkang wosipun babagan panunjuk
kesucian Moral, Niti wosipun babagan ukum lan perundangan ingkang
dipunginakaken ing jaman Kerajaan.
Wariga,
wosipun babagan ilmu Astronomi lan Astrologi, tutur wosipun nasihat ingkang
ngandhut filsafat, kanda wosipun babagan Ramayana kayata ilmu basa, mitologi
lan ilmu sanesipun ingkang wigati, usada wosipun pengobatan tradisional. Itihasa,
parwa dipunserat kanthi prosa wosipun babagan Mahabarata, kekawin dipunserat
saking maat India Kina wosipun wirama guru lan lagu, geguritan inggih menika
macapat ingkang boten gadhah guru lan lagu, hikayat wosipun cerit rakyat, babad
wosipun silsilah kulawarga ing jaman kina, dongeng kagem lare – lare, runtuhnya
kerjaan ngrembag babagan runtuhipun kerajaan.
Lajeng ron kasebat dipunpress kanthi piranthi
kagem ngepres ron, proses menika mbetahaken wekdal enem wulan. Ron lajeng
dipunkethok kanthi ukuran ingkang leres. Pepesan inggih menika lontar ingkang
samekta dipunserat lan wonten satunggal lembar lontar ingkang dipunsebat
lempir. Lajeng lontar samekta kagem dipunserat.
Sakderengipun dipunserat lontar
dipungarisi supados rapi, ngagem piranthi ingkang dipunsebat panyipatan. Lontar ingkang sampun samekta dipunsera
ngagem pengropak, panyerta lajeng ngukir wonten ing lontar kasebat.
Sasampunipun dipenserat lajeng lontar dipunparingi kemiri supados saged
dipunwaos. Tumpukan lempir – lempir lajeng dipundadosaken satunggal ngagem
lubangpengapit ingkang dipunsebat takepan. Lempi – lempir kasebat dipunsimpen
ngagem kothak ingkang dipunsebat kropak.
Posting Komentar