Minggu
enjing 29/9/2013 mahasiswa enggal jurusan Pendidikan Bahasa Perancis taksih
semangat nglampahi dolanan – dolanan ingkang sampun karantam dening panitia
Makrab Pendidikan Bahasa Perancis 2013. Makrab kang diwontenaken ing wisma
Hanoman, Parangtritis menika dipunlampahi dening 80 mahasiswa enggal. Adicara
ingkang nggadahi tema L’aventure de couleur
menika anggadahi teges “ Mahasiswa enggal Pendidikan Bahasa Perancis menika
saking maneka warni, suku, kulit, basa. Warna – warni menika dipunarepaken
dados manunggal wonten ing makrab menika, boten namung mahasiswa enggal kemawon
nanging kalihan MPO (Majelis Permusyawaratan Organisasi) lan dosen – dosen” aturipun
Zakiyah Darojat minangka seksi Acara wonten ing makrab menika.
Mahasiswa
enggal miwiti makrab saking Sabtu, tabuh 10.00 WIB. Saksampunipun ndherek
adicara ingkang resmi kayata materi – materi saking dosen lan MPO mahasiswa
enggal lajeng nyamektakaken outbond. Outbond dipunwiwiti 15.00 WIB wonten
kalih dolanan inggih menika narik tambang mahasiswa enggal lan dosen, narik
tambang menika nggadahi ancas bilih kita sedaya kedah kompak lan gadhah
strategi, dolanan menika uga saged ngraketaken mahasiswa enggal lan dosen –
dosen wonten ing jurusan. Dolanan saklajengipun inggih menika pindah telor supados mahasiswa saged
kompak kalian mahasiswa sanesipun.
Pasugatan
seni saking mahasiswa enggal dipunlampahi tabuh 19.30 WIB, saben gugus
nampilaken satunggal pasugatan seni. Adicara ingkang dipunpangarsani dening
Muhammad Attaskhiri menika gadhah 8 gugus, ingkang badhe nampilaken maneka
warna kesenian. Gugus ingkang sapisan inggih menika gugus rouge nampilaken tetembangan, vert
ugi nampilaken tetembangan gugus kaping tiga jeune tampil sae kanthi tetembanganan
lan maos geguritan basa Perancis, dipunlajengaken gugus violette kanthi tetembangan, gugus brun, orange lan bleu
ngajak mahasiswa sanesipun nembang sesarengan kanthi tetembangan. Pasugatan
dipunpungkasi kalihan gugus roushe
kanthi tetembangan lan drama. Adicara menika ugi wonten api unggun ingkang
nambahi suasana akrab wonten ing dalu. Saksampunipun pasugatan seni menika
mahasiswa enggal ingkang kirang disiplin dipunukum dening SPK utawi sie Penegak Kedisiplinan, supados
mahasiswa enggal tetep disiplin lan manut kalihan aturan ingkang sampun
dipundamel.
Surya
dereng katingal ananging mahasiswa enggal Pendidikan Bahasa Perancis sampun
samekta kagem nglampahi outbond ageng
ingkang dipunwiwiti tabuh 04.00 WIB “supados boten panas, amargi Parangtritis
tabuh 07.00 WIB sampun panas” wangsulan saking Pangarsa Himpunan Mahasiswa Pendidikan
Bahasa Perancis mas Rully Pratama. Outbond
enjing menika langkung kathah tinimbang outbond
ing sonten kepengker. Wonten sekawan dolanan ingkang gadhah ancas piyambak – piyambak, sakderengipun mahasiswa
enggal outbond supados kakiyatan
kagem outbond, dipunparingi La Petit Dejeuner inggih menika sarapan,
lajeng outbond dipunwiwiti kanthi gemes pants wonten ing pos menika mas Rully,
mba Marsya lan mba Dean minangka penjaga pos, dolanan menika fungsinipun
supados mahasiswa gadhah manajemen wekdal ingkang tepat, amargi wonten ing
kuliah mahasiswa ugi kedah gadhah manajemen wekdal supados saged mbagi
antawisipun kuliah lan pawiyatan sanesipun. Dolanan wonten ing pos 2 inggih
menika Lempar stick supados mahasiswa
enggal langkung kompak lan pitados kaliyan kanca sanesipun. Ngatos – ngatos lan tliti ingkang
dados paedah saka pos 3 ingkang dipunjagi kalihan mba Putri, mas Muhib lan mas
Ghani, name dolanan kasebat inggih menika stepping
human. Pungkasan pos 4 inggih menika slap
water, supados mahasiswa enggal saged mikir kathi cepet lan tepat saged
teteg nrima tekanan waktu lan sanesipun. Dolanan – dolanan ingkang
dipundadosaken menarik menika dipunlampahi mahasiswa enggal kanthi sae.
Mahasiswa
enggal ingkang sampun nglampahi sedaya dolanan wonten ing outbond ageng dipunsuwun ngresiki badhan lan saged shalat. Adicara
pungkasan wonten ing makrab menika inggih menika paring bebungah, nanging
sakderengipun paring bebungah mahasiswa enggal ngalmaphi dolanan rumiyin,
wonten dolanan battle dance utawi
tetandingan nari lan tak tik bom,
sedaya mahasiswa enggal katon bungah nglampahi dolanan dolanan menika. Wonten
ing tengah – tengahing dolanan menika, wonten perwakilan saking HIMA Jawa, HIMA
PBSI lan EDSA ingkang ningali makrabipun Pendidikan Bahasa Perancis.
Posting Komentar