Assalamu’alaikum
Wr.Wb.
Nuwun,
Dhumateng ibu Kepala Sekolah …. ingkang dhahat kinurmatan, ingkang minulya bapak/ibu
guru.Sarta para rawuh ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten
ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha agung, barokah ingkang rumentah dhumateng
panjenengan sedaya saha kula, satemah
kula saha panjenengan sedaya saged makempal wonten ind adicara Perpisahan kelas 6 ….
Para rawuh ingkang
kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi
kelas VI ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan
saha katresnan bapak/ibu gurusatemah para siswa saged pikantuk ilmu ingkang
kathah sanget wonten ing 6 warsa menika. Kula sakanca namung saged nyuwun
ndedonga, mugi-mugi bapak/ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT, saha
mugi-mugi bapak/ibu gurutansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula saha kanca-kanca
ugi nyuwun pangapunten, awit kula saha kanca-kanca asring damel bapak/ibu gurukuciwa,
amargi saking atur solah bawa kula saha kanca-kanca ingkang boten mranani
penggalih panjenengan.
Para bapak/ibu gurusaha
para rawuh, wonten ing wekdal punika kula saha kanca-kanca nyuwun pamit lan
nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ing ngriki
kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
candhakipun. Mekaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas I,II,III,IV lan kelas V
saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.
Para rawuh ingkang
kinurmatan, mekaten atur kula. Bilih kathah klenta klentunipunn ing atur, kula
nyuwun agunging samudra pangkasama.
Matur
nuwun.
Wassalamualaikum
Wr.Wb.